Nggolek Ngelmu iku wajib tumraping kabeh manungso

Minggu, 10 Oktober 2010

Ngudi Kaweruh

Ngudi kaweruh dumadine saka tembung "ngudi" lan "kaweruh". Dene "ngudi" nduweni pangerten yaiku nggolek, menawa "kaweruh" yaiku ilmu pengetahuan. Ngudi kaweruh yaiku kabeh tindak tanduk kang dilakoni dining manungsa kanggo nggolek ilmu pengetahuan kanggo sangune urip.

Wus dadi kewajiban tumrape kabeh manungso ngudi kaweruh utawa ilmu, amarga kanthi ilmu iku kabeh manungso bisa mangerteni donya lan sak isine. Uga kanthi ilmu, kabeh tindak tanduke manungso bisa cetha apa sing dikarepake lan bisa dilaksanakake (digayuh) kanthi bener. Cetha banget menawa kanthi ilmu kita bisa mbedakake manungso siji lan sijine, ora amarga pangkat lan drajat, nanging kanthi cara pamikirane wong sing duweni pemahaman ilmu.

Ana ing Surah Az Zumar 9, Gusti Allah wus paring dhawuh sing artine : "....apa padha antarane wong-wong sing duweni ilmu karo wong-wong sing ora duweni ilmu?"

Luwih cetha maneh ana ing Surah Al Mujaadillah 11, sing artinya : "...Allah bakal dhuwurake ing antarane wong-wong sing duweni Iman lan wong-wong sing wis diwenehi ilmu pengetahuan pira-pira derajat...."


Kanthi dhawuhe Gusti Allah neng dhuwur iku, cetha banget menawa wong sing duweni ilmu iku luwih dhuwur drajate ana ing ngarsaning Gusti Allah.

Ilmu iku uga duweni kautaman dan kabecikan. Kaya sing wus didhawuhake Kanjeng Nabi Muhammad SAW sing artine "...Sopo wae kang wus dikarepake kanggone manungso kabecikan/kautaman dening Gusti Allah, mula Allah bakal ngluwihake pemahamane tumrap agama (Islam)".

Sakwise mangerteni opo kautaman lan kabecikan ilmu, mula kaluwihan iki kudune ndadekake kita kabeh gampang anggone nglakoni urip kanggo nggolek ilmu. Dadi pemudha mestine duweni kapribaden kang "haus ilmu", mumpung umur isih nom, mumpung jiwa isih nempel raga, nggoleka ilmu sing sakakeh-akehe. Rosul uga dhawuh "nggoleka ilmu nganti tekan negara China". Mrantandhakake yen ilmu iku duweni kautaman lan kabecikan, wondene nganti tekan ngendi wae, ilmu iku kudu digoleki.

Kepriye carane nggolek ilmu iku supaya bisa barokah lan manfaat, yaiku kanthi :
1. Niat. Niat mung kerana Allah.
2. Ikhlas. Ikhlas kanthi jembare ati.
3. Istiqomah. Istiqomah kunci sukses kanggo wong sing nggolek ilmu.
4. Bertanggung Jawab. Bertanggung jawab tumrape ilmu sing wis diduweni.
5. Ngamalake. Ngamalake kabeh ilmu kanggo kabecikan.


Mugo-mugo kita kabeh dadi titahe Gusti Allah kang duweni ilmu kanggo sangune urip ing donya lan akhirat.

2 komentar: